Brenjilan (original) (raw)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

| Aksara Latin | | ꦗꦮ | | | | ------------------------------------------------- | | --------------------------------------------------- | | |

Brenjilan
Diagram struktur njero brenjilan
Diagram fitur eksternal lan struktur sekitar brenjilan lanang diwasa
Rincian
Arteri Testicular artery
Vena Testicular vein, Pampiniform plexus
Saraf Spermatic plexus
Getah bening Lumbar lymph nodes
Pengenal
Latin testis
MeSH D013737
TA98 Masalah skrip: Fungsi "getTAValue" ora ana.
TA2 3576
FMA 7210
**_Terminologi anatomi_**[besut ing Wikidata]

Anatomi manungsa (priya)

Brenjilan utawa Testis iku klanjer kelamin lanang ing kéwan lan manungsa. Manungsa (priya) duwé brenjilan loro kang dibungkus skrotum.

Ing mamalia, brenjilan papané ing njaban awak, digandhéngaké karo tubulus spermatikus lan papané ing njeron skrotum. Iki cocog karo kasunyatan manawa prosès spermatogenesis mamalia bakal luwih efisien kanthi suhu luwih asor saka suhu badan (< 37 °C).

Ing tubulus spermatikus ana otot kremaster kang manawa kontraksi bakal ngangkat testis nyeraki awak. Yèn suhu testis didhunaké, otot kremaster bakal relaksasi lan brenjilan bakal ngedohi awak. Fenomena iki dikenal kanthi sebutan refleks kremaster.

Kéwan saliyané mamalia ora duwé testis ing njaba. Manuk, kang suhu awaké dhuwur, duwé testis ing njeron awak. Miturut téyori para ahli, manuk migunakaké kanthong udharané kanggo njaga suhu optimal testis, nanging ing panlitèn saterusé disebutaké manawa testis manuk fungsiné bakal apik ing suhu awak.

Samangsa pubertas, brenjilan tumuwuh kanggo miwiti spermatogenesis. Ukuran testis gumantung ing prodhuksi sperma (akèhé spermatogenesis), cuwèran intersisial, lan prodhuksi cuwèran saka sel Sertoli.

Lumrahé, loro brenjilan iku ora padha gedhené. Bisa uga salah siji papané luwih ngisor tinimpang sijiné. Perkara iki amarga bédané struktur anatomis pembuluh getih ing testis kiwa lan tengen.

Peranané brenjilan iku ing sistem réproduksi lan sistem endokrin.

Fungsi brenjilan:

Kerjané brenjilan ing sakngisoré pangawasan hormon gonadotropik saka klanjer pituitari pérangan anterior:

Brenjilan dibungkus déning lapisan fibrosa kang karan tunika albuginea. Ing njeron brenjilan ana akèh saluran kang karan tubulus seminiferus. Tubulus iki dikebaki déning lapisan sel spérma kang wis utawa lagi tumuwuh.

Spermatozoa (sel winih kang wis siyap kanggo diejakulasiké), bakal gerak saka tubulus nuju rete testis, duktus efferen, lan epididimis. Yèn éntuk rangsangan sèksual, spermatozoa lan cairané (kabèh karan banyu mani) bakal ditokaké menyang njaban awak liwat vas deferen lan pungkasané, penis.

Ing antarané tubulu seminiferus ana sel mirunggan kang karan sel intersisial Leydig. Sel Leydig mrodhuksi hormon testosteron.

Molekul gedhé ora bisa nembus ke lumen (pérangan njero tubulus) liwat getih, amarga anané ikatan kang kuwat antar sel Sertoli. Fungsi saka sawar getih testis iku kanggo nyegah réaksi auto-imun. Awak busa nggawé antibodi nglawan spermané dhéwé, mula prakara iki dicegah nganggo sawar. Yèn spérma ana reaksi karo antibodi bakal njalari radhang brenjilan lan ngurangi kasuburan.

Penyakit ing brenjilan kang paling wigati dimangertèni:

Pangangkatan brenjilan: